DAFTAR LABELKU (klik saja jangan ragu-ragu)

Rabu, 05 Maret 2014

"Pitutur Luhur" Bahasa Jawa


        Dadi wong Jowo ora perlu minder, nglokro alias ora semangat alias ora nduweni "GAMBATTE". Mesti wong sing  nglokro bakale kujur songo likur.

       Mulane ayo podho tancut taliwondo, dadi wong sing mongkok trumape awake dhewe ora mongkokake utawa mbanggaake wong liyo. Tur dadi wong sing   ora nduwei wewatak iri, drengki, jahil  lan methakil.
      Dadi wong  Jowo larang regane. Coba gatekno. WEDHUS JOWO LUWIH LARANG TINIMBANG WEDHUS  GEMBEL, GULO JOWO LUWIH LARANG TINIMBANG SAKARIN, ASEM JOWO LUWIH LARANG TINIMBANG CUKA, PITIK JOWO LUWINH LARANG TINIMBANG PITIK BROWLER. LAN LIYO LIANE.
        Sepisan maneh ayo tetep semangat!. Ing ngisor iki Maskatno Giri nulis maneh pitutur luhur soko gurune sing luhur budine, kanthi usaha baik hati lan ora sombong  YEN ORA BOLO ORA BAKAL TAK KANDANI, MOTIVASI DADI KAWULO SUKSES SEJATI:
  1. Ing samubarang gawe ojo sok wani mestek ake, awit akeh lelakon kang    kebak sambekalane sing ora biso dinuga tumibane .                                    Dalam hal apapun jangan terlalu berani untuk memastikan, karena banyak kejadian yg sarat dengan berbagai rintangan yg tak dapat kita duga kapan akan terjadi.
  2.  Jer koyo unine pepenget, “Menowo manungsa iku yo pancen kudu tansah iktiyar, nanging papestene tetep dumunung ono ing asta-Ne Pangeran Kang Maha Wikan”. Mulo ora sak mesthine yen manungso iku nyumurupi bab-bab sing durung mesti kelakon. Sak umpomo nyumurupono, prayoga ojo diblak-blak ake marang wong liyo, awit temahane hamung bakal murihake blai.                                              Sebagaimana bunyi sebuah kata peringatan bahwa “Manusia itu memang harus selalu berusaha, tapi kepastiannya tetap hanya ada di tangan Allah Yang Maha Tahu”. Jadi tidak semestinya kalau manusia itu mengetahui hal-hal yg belum tentu terjadi. Kalaupun dapat (kesempatan) untuk mengetahuinya, sebaiknya jangan diberitahukan secara jelas dan gamblang kepada orang lain, sebab ketika digunakan untuk keperluan yg tidak baik, justru hal itu akan membuatnya celaka.
  3. “Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan, “sabar iku kuncining swarga,” ateges marganing kamulyan.        Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan, sama seperti bunyi sebuah peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan “surga”yang berarti ketentraman dan kedamaian dalam menjalani kehidupan.
  4. Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki..      Sabar itu merupakan sebuah kemampuan untuk menahan segala macam godaan dalam hidup, yg tentunya nanti bisa untuk mendewasakan diri kita masing-masing, namun bukan berarti lalu kita mudah kehilangan pengharapan. Sebaliknya kita harus menjalaninya dengan penuh pengharapan dan seolah-olah mampu untuk mendapatakan apa saja yg ada di dunia ini. (Tentunya dengan disertai rasa mawas diri dan kepasrahan).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

berlatih kreatif melaui pembuatan komentar