DAFTAR LABELKU (klik saja jangan ragu-ragu)

Sabtu, 27 Desember 2014

Ngugemi "Pitutur Luhur"

        Sumangga nggayuh kaluhuran kanthi ngugemi wulangan Jawa. Salah satunggaling sarana nggayuh kaluhuran migatosaken pututur luhur saking para winasis.
          Kados dene pituturipun para winasis bilih dados tiyang  Jawa mboten  perlu minder, nglokro alias  mboten  semangat alias mboten nggadhahi  sifat "GAMBATTE".  Mesti tiyang ingkang  nglokro bakale kujur songo likur.
          Pramila sumangga sami  tancut taliwondo, dados tiyang ingkang  mongkok trumape awake dhewe mboten mongkokake utawi mbanggaake tiyang sanes. Tur dados  tiyang ingkang ngedohi  wewatak iri, drengki, jahil  lan methakil.

       Dados wong  Jawa larang regane. Cobi kita gatosaken. WEDHUS JOWO LUWIH LARANG TINIMBANG WEDHUS  GEMBEL, GULO JOWO LUWIH LARANG TINIMBANG SAKARIN, ASEM JOWO LUWIH LARANG TINIMBANG CUKA, PITIK JOWO LUWINH LARANG TINIMBANG PITIK BROiLER. LAN LIYO LIANE.

           Sepisan malih  sumangga tetep semangat!. Ing ngandhap niki Maskatno Giri nulis malih pitutur luhur soking gurunipun  ingkang luhur budinipun, kanthi usaha sae  atinipun ugi  mboten  sombong  YEN mboten  BOLO mboten  BAKAL kulo  KANDANI, Ing ngandap puniko kagem MOTIVASI DADos KAWULO SUKSES SEJATI:

  1. Ing samubarang gawe ojo sok wani mestek ake, awit akeh lelakon kang    kebak sambekalane sing ora biso dinuga tumibane .                Dalam hal apapun jangan terlalu berani untuk memastikan, karena banyak kejadian yg sarat dengan berbagai rintangan yg tak dapat kita duga kapan akan terjadi.
  2.  Jer koyo unine pepenget, “Menowo manungsa iku yo pancen kudu tansah iktiyar, nanging papestene tetep dumunung ono ing asta-Ne Pangeran Kang Maha Wikan”. Mulo ora sak mesthine yen manungso iku nyumurupi bab-bab sing durung mesti kelakon. Sak umpomo nyumurupono, prayoga ojo diblak-blak ake marang wong liyo, awit temahane hamung bakal murihake blai.                                              Sebagaimana bunyi sebuah kata peringatan bahwa “Manusia itu memang harus selalu berusaha, tapi kepastiannya tetap hanya ada di tangan Allah Yang Maha Tahu”. Jadi tidak semestinya kalau manusia itu mengetahui hal-hal yg belum tentu terjadi. Kalaupun dapat (kesempatan) untuk mengetahuinya, sebaiknya jangan diberitahukan secara jelas dan gamblang kepada orang lain, sebab ketika digunakan untuk keperluan yg tidak baik, justru hal itu akan membuatnya celaka.
  3. “Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan, “sabar iku kuncining swarga,” ateges marganing kamulyan.        Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan, sama seperti bunyi sebuah peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan “surga”yang berarti ketentraman dan kedamaian dalam menjalani kehidupan.
  4. Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki..      Sabar itu merupakan sebuah kemampuan untuk menahan segala macam godaan dalam hidup, yg tentunya nanti bisa untuk mendewasakan diri kita masing-masing, namun bukan berarti lalu kita mudah kehilangan pengharapan. Sebaliknya kita harus menjalaninya dengan penuh pengharapan dan seolah-olah mampu untuk mendapatakan apa saja yg ada di dunia ini. (Tentunya dengan disertai rasa mawas diri dan kepasrahan).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

berlatih kreatif melaui pembuatan komentar